Wingi” sore aku tuku jaket, regane 15-ewu. ono bordirane KIA lan LECAF SPORT. bentuke koyo jaket olahraga. Apik tenan ?
Kok iso yo regane mung 15-ewu, jujur kacang ijo wae, nadyan anyar yo mung bekas, alias sisa export. Ono sing bolong (ke sundut rokok) neng cedak kantongan lan benike ilang siji.
Nanging arepo bekas yo sing penting murah meriah.
Tuku sing rego larang, soyo suwe yo dadi barang bekas. Pra yo nggono kang?
Aku pancen wong kang ora terlalu mentingke pakean, angger pas wis cukup. ora musti ono mereke utowo tukune neng butik terkenal. Sing penting di enggo ora sumuk wae wes seneng.
Mulane aku jarang tuku klambi yen bodho ( sak bare wes kuliah ), paling paling entuk baju koko soko wong Cino (langganan tuku beras).
Mulane yen urung suwek rowak-rawek musti ijik tak enggo wae, nganti mbok ku muring muring?

