Apa kabar sahabat ?

Pendidikan gratis | Promosi | Internet | Motivasi | Personal blog

Dolanan zaman cilik

Opo kelingan penjenengan kaliyan dolanan dek zaman cilik, monggo kulo badhe nyebut aken siji siji mugi mugi panjenengan mboten lalai :

1. BENTEHK : Dolanan nutuk kayu ngen mumbul trus di tutuk maneh ngen adoh, trus di ukur naggango kayu sing di nggo nutuk. Sak luwihe aku lali ki …..

2. NEKERAN : Neng boso nJakarta ne “main kelereng”, sing kalah di gender, di tibani neker soko nduwur pas ning tangane, opo ngendong sing menang.

3. TEK PO : Dolanan nganggo gambar di tamplek ke, karo tangan kancane, nek kalah gambare entek banjur ngaplo

4. DELIK AN : Iso di sebut jamuran yen wengi, sing jogo ngoleki kancane sing ndelik. Ngen ora ketemu mulih wae terus turu neng kamar, menggo sing nggoleki nangis … he … he …

5. JEPRET KARET : Ono sing di gantung neng pring trus di jepret, apo siji-sijidi uncal ke neng bunderan, opo lompatan nggango karet biasane yen iki wong wedok.

6. BEDIL BEDILAN : Senjatane nganggo tulup, opo debok godong gedang, sing ke tembak rekak rekake mati trus nibo neng damen.

7. JEGURAN : Biasane nek sekolah arep testing mulih esuk, trus nyang kali jeguran nganti sore

8. GOBAK SODOR : Nek iki biasane bar shubuhan pas sasi poso, dolanan ne neng lapangan sekolah

Opo maneh yo panjenengan kelingan nopo mboten ?

He .. he .. wes lali yo >>>>>>>>>

No comments yet »

Your comment

HTML-Tags:
<a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <code> <em> <i> <strike> <strong>